Pengertian Pidato Dalam Bahasa Jawa dan Contoh


Pidato dalam Bahasa Jawa dan contoh nya

A. Tegese pidhato

Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.

B. Tujuan Pidhato

Pidhato umume duweni tujuan kaya ing ngisor kasebat :
1.Nyedhiyani informasi, yaiku nyedhiyani pangerten informasi kanggon pamireng / pamiyarsa.
2.Persuasif / ngajak, yaiku mengaruhi pamireng/pamiyarsa kanggo nindakake saran utawa propaganda pidhato ditulis dening penulis pidhato.
3. Hiburan utawa rekreasi, yaiku ndadekake wong liya seneng karo pidhato, saingga bisa ndadekake pidhato kang di sampeake bisa marem.

C. Jenis-jenis Pidato Adhedhasar
  • Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
  • Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
  • Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kang mung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
  • Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
  • Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
  • Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan.
  • Ngucapake salam pambuka lan salam pirsawan;
  • Nyampeake pambuka biasane disampeake kanggo ngucapake matur nuwun, utawa ekpresi saka kasenengan, utawa sukur;
  • Nyampeake isi pidhato sing pocapan ing basa Jawa iku apik lan bener lan nggunakake gaya basa menarik;
  • Nyampeake kesimpulan saka isi wicara supaya gampang eling dening pirsawan;
  • Nyampeake pangarep-arep sing ngandhut saran utawa uleman menyang pirsawan kanggo ngleksanakake isi wicara; lan
  • Nutup Salam

D. Sistematika berpidato

Contoh Pidhato

Pengetan Dinten Kartini


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

 Nuwun, para rawuh sedaya, khususipun para remaja putri ingkang kawula kurmati. 
 Saderengipun, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing siang menika kita sedaya saged sesarengan makempal ing papan saha wekdal menika kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa. Salajengipun, kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Hari Kartini ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.

 Para rawuh sedaya, sampun kita mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April 1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangeti minangka dinten lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyan drajating priya. Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Boten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya. Nanging samenika, para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya. Asil perjuanganing Raden Ajeng Kartini pranyata saestu saged kaleksanan, samenika sampun kathah para wanita ingkang lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi pemimpin, kados Ibu Megawati Sukarnoputri Presiden Republik Indonesia ingkang kaping gangsal. Saupami Raden Ajeng Kartini taksih sugeng temtu remen priksa kawontenan kaum wanita ing wanci menika. Hak-hakipun, sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang dipunkersakaken R.A Kartini inggih menika ngagenging haking panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita, menawi priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita inggih dipun parengaken. Wanita mboten naming ing pawon.

 Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, menawi para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken negari tuwin agami, nanging mboten kesupen wanita gadhah jejibahan anggulawentah putra ing kulawarga lan ugi makarya minangka tandha darma bektinipun dhateng negari. Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyyengkuyung pangetan menika kanthi biyantu arupi menapa kemawon. mugi sedaya wau pikantuk piwales ingkang murwat saking Gusti Ingkang Akarya Jagad. Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten. Nuwun

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

dikutip dari berbagai sumber.

Semoga bermanfaat. Maaf jika ada kekurangan dalam penggunaan bahasa karena kami masih belajar. dan tugas pidato dalam bahasa jawa dan contohnya ini juga dikerjakan mepet bgt jadi agak ngawur bahasanya hehehehe. 

0 Response to "Pengertian Pidato Dalam Bahasa Jawa dan Contoh"

Post a Comment

Terima kasih atas kunjungannya.
Silahkan berkomentar dengan sopan.